Peringatan Abah untuk Para Orang Tua/Wali Santri PP SELAMAT KOTA MAGELANG Mengenai Niat Pendidikan Anak

Madinah Al-Munawwarah, 10 Muharram (Asyruro) 1445 H / 28 Juli 2023 M.

Pemature kulo dateng tiyang sepuh/wali santri niki sampun sering kulo aturake, nyuwun tulung sedoyone kulo suwun ngemut-emut lan ngugemi sedoyo:

  1. Niat dateng PP Selamat niku kagem ngaji, sanes sekolah.
  2. Ngaji wonten PP Selamat niku kagem ngencengi Syahadat Tauhid lan Syahadat Rasul (ngencengi iman lan islame kito sedoyo).
  3. Sekolah lan ijazah sekolah niku namung minongko sekedik hadiah dunyo ingkang kulo paringake sak wuse lare-lare kulo anggep wus tenan oleh dadi santri (wus kenceng iman lan islame), wus nyandak sedoyo tatarane olehe dadi santri. Dugi mangsane niku ijazah boten perlu disuwun, nanging kulo paringake.
  4. Mulo saking niku, kulo boten nate nyuwun arto kagem biaya lare-lare dahar, biaya pendidikan kagem bisyarohe poro ustadz-ustadzah, nopo malih biayane sekolah.
  5. Wontene arto 200 ewu saben wulan saking tiyang sepuh/wali santri kagem lare, niku rupo arto tabungane santri ingkng dipun cepeng pengurus koperasi pesantren kagem arto jajane lare, tumbas kitab lan alat tulis soho alat cuci mandi, turahane damel tabungan ziarah akhir tahun.Niku mawon Abah namung marengake dateng tiyang sepuh/wali santri ingkng nyoto-nyoto mampu. Ingkang boten mampu sedoyone dados tanggungjawabe kulo/pengasuh pesantren.
  6. Menawi tiyang sepuh/wali santri mampu infaq arto, sodaqoh rupo nopo mawon, kulo pengasuh pesantren kudu nampi lan kulo tanjaake kagem kemaslahatan pesantren (sampun mlampah wiwit awal ngadeke pesantren dugi saat niki). Infak kulo dadosake shodaqah jariyah sehingga ngadek bangunan-bangunan sederhana, sarana prasarana, lan peralatan pendidikan/pengajaran. Niku amargi kulo maujudake tuntunan Allah SWT lan Rasulullah SAW supados kito tiyang Islam podho seneng infaq lan sedekah. Lan sak bagus-baguse infaq lan sedekah niku wonten pesantren keranten niku panggonane ilmune agamane Gusti Allah lan rupo jihad fii sabiilillah.
Scroll to Top